Sunday, February 27, 2011

KEJUJURAN CINTA DIUJUNG MAUT

Cak Mat nunggoni Markonah bojone sing wis megap-megap kate dead, mergo keracunan. Markonah mbrebes mili, raine pucet, awake lemes.

"Cak, aku kate ngomong ya...", jare Markonah mbarek bojone gak patek jelas.

"Jok ngomong sik ta, awakmu durung kuat Nah"

"Gak Cak, aku kudu ngomong, cik nek aku matek gak nggowo dosa"

"Wis ta laah, gak perlu, tenangno disik pikiranmu, nyebut Nah, nyebut..."

"Gak Cak, iki penting..! Sepurane yo Cak..., wektu koen nang luar kota Minggu wingi, aku nyeleweng mbarek Mat Kodir....", jare Markonah mbarek napase ngosngosan.

Cak Mat terus ngelus rambute Markonah. "Wis tah, gak usah koen pikir. Aku wis weruh kabeh kok. Dapak gak ngono mosok koen tak racuun dik ...‎

Hąą Hą ha ha kapokmu kapan yo....

|b|e|m|b|e|n|g|®

0 komentar :

Post a Comment

Terima kasih atas commentnya, Comment anda sangat bermanfaat bagi saya... Semoga bermanfaat.